Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Zaman Koplak, Ki parno M Jamin

Zaman Koplak, Ki parno M Jamin
Lha iyo.... kok  mung podo  mikirne anak turune dewe ki piye. Opo dikiro iripiblik kuwi brekate mbahe. Wong cilik podo adus kringet mung nggo nggenepi upo sakpincuk, wong sing mbau rekso iripiblik kok bodo mbadok karo pentalitan, mulih nggowo karung seret ijo isine mas picis rojo brono.

Sing tak gumuni maneh kuwi, mung siji, kok ono yo tikus rame-rame selingkuh karo kucing. Bareng kucinge meteng nglahirno ketek budeng. Saiki nguasani alas nuswantoro.  Bar nglahirno ketek, tikuse ora trimo njaluk ijab sirri karo  kodok bangkak, paling ora babi.

Kucinge yo ora gelem kalah, genti selingkuh karo tikus werog sing paling guede. Gedene sak gunung anakan, tur tikuse nduwe tambang opo wae. Akhire lahir buto rambut geni, sing  saiki podo nduwe pundi-pundi sak centong.

Kelakuane tikus karo kucing mau podo ditiru karo kewan opo wae. Mulo ojo kaget yen ono tikus buntute kucing. Ono kucing ndase tikus, lan ono babi nganggo sepatu oglog, ono bajul pacaran karo luwak. Tobat....tobat.....pancen wis nyedaki dimo kiamat.

Ditulis oleh : Ki Suparno M Jamin, Ponorogo

Posting Komentar untuk "Zaman Koplak, Ki parno M Jamin"